Jumat, 24 Juli 2009

Give Me Mona

GIVE ME MONA dibentuk teko limo arek enom (MUHAMMAD KHASOGI "OGY" (VOCAL),HARA YUDHA "AMBON" (LEAD GUITAR),ADHIPURUSA PUTRA "GEPENK" (BASS),CHANDRA TRI FEBRI "NYOT" (GUITAR),TOMMY MAS ARYA "TOM" (DRUM N PERCUSION))seng due pikiran-pikiran kreatif gawe musik Indie. GIVE ME MONA didekno tanggal 18 Desember 2005.
arek-arek personil GMM kepingin ngrameno pentas hiburan ambek lagu-lagu cipta'ane dewe. Contoe lagu iki :





Sejarah mbentuk'e GIVE ME MONA dimulai teko konco kumpul SMA seng sak durunge duwe band dewe-dewe teko aliran musik seng seje-seje,tapi due aliran musik favorit seng podo yoiku “melodic punk” terus sejarah mbentuk'e jeneng GIVE ME MONA asale teko kepingine arek-arek personil GMM seng podo-podo nyenengi arek wedok konco sekolah'e , jenenge MONA.tapi sakno'e, mona wes due pacar.

Gara-gara iku, arek-arek personil GMM mbentuk band ancor ati seng gak nyanyino lagu-lagu nanges tok tapi yo lagu ambek irama melodic ceria ambek nyampurno unsur-unsur emosi nang njerone , dadi seng ngrungokno gak mek ngrungokno lagu-lagu cengeng , tapi yo lagu jerit-jerit semangat.GIVE ME MONA gawe aliran musik seng jeneng'e pop disaster, nek uwong-uwong ngomong jarene aliran pop punk,melodic,opo punk skate. GIVE ME MONA nggowo'no lagu seng enak dirungokno, duwe karakteristik,emosi ambek spirit arek nom-noman pokok'e.




-GIVE ME MANAGEMENT-
Griya Kebraon Utama VII / DE No.6
Surabaya Selatan - 60222
Telpon : (031) 71740049 / (031) 60474114
E-Mail : givememona@yahoo.com Read More......

Kamis, 23 Juli 2009

Duwe Gawe

Photobucket


Tontok'en JUST FOR FUN 2 nang BIG BOXX JL SUMATRA NO 40 SBY tanggal 2 agustus 2009 jam 13.00 - 22.00 bengi. Dirameno BAND TERKENAL SBY, JKT, SDA, MLG!!!!TICKET BOX mek Rp 7000 tok

onok 24 BAND seng ngrameno acara iki, ANTARANE:

NOT FOR FUN
STUPID KIDS
PITT FALL OTTER
MYFREN SUPERSTAR
TOAST N BANANA
PING PONG DASH
SUPERMARIO
EXTREME GENERATION
BANDICOTS
HOLIDAY SCHOOL
GUD LUCK EVERYDAY
HERE WE GO AGAIN
CRAZY LAZY
NONA NOSKIN
LOCODIA
JERKY BASTARDO
FREAKY FRYDIE
UNDER MY TRHOAT
FILM CARTOON
BUTTER COOKIEZ
THE FLINSTONE
M.K.B
GIVE ME MONA
SATCF Read More......

Rabu, 22 Juli 2009

Award Suroboyo Show

▄ Gawe konco-konco Suroboyoshow, aku neng Dea ngucapno suwon seng akeh yo gawe konco-konco seng wes mlaku-mlaku opo ndelok-ndelok Suroboyo.Award iki tak kekno gawe:

▄ Buat Teman-teman Suroboyoshow, aku neng Dea mengucapkan terima kasih banyak buat teman-teman yang sudah berjalan-jalan atau melihat-lihat Surabaya. Award ini saya berikan untuk :

▄ For friends Suroboyoshow,I neng Dea want to thank a lot for friends who are walking or see Surabaya. I give this award to :

♥ http://satriyoku.blogspot.com
♥ http://pedasmaniscinta.blogspot.com
♥ http://joxerz.blogspot.com
♥ http://masterzukhruf.blogspot.com
♥ http://world-of-education.blogspot.com
♥ http://nomoreseed.ucoz.com
♥ http://minahkiwi.blogspot.com
♥ http://eversongs.blogspot.com

Photobucket




▄ Gawe konco-konco seng gurung oleh, sepurane yo. ngkug onok award ke2. Sering mampir nang Suroboyoshow yo. Suwon

▄ Buat teman-teman yang belum dapat, maaf ya. Nanti masih ada award ke2. Sering berkunjung di Suroboyoshow ya. Terimakasih

▄ For friends who can not, so sorry. Later still have to award 2. Frequently visited in Suroboyoshow ya. Thanks
Read More......

Kamis, 16 Juli 2009

Budoyo

Iki loh gambare Suroboyo nek nang peta. Nggone nang pucukan. cidek karo pulau Meduro.

Photobucket


Omah Tradisional


Photobucket

Iki gambar omah tradisional Jawa Timur. Nang Suroboyo omah tradisionale yo koyok ngunu iku. Podo karo kuto-kuto nang Jawa Timur lainne. Omah ngunu iku jenenge Joglo .


Klambi Tradisional

Photobucket
iki gambar klambi adate Suroboyo. podo koyok klambi teko meduro. Biasane klambine iku wernone ngejreng. Lah seng lanang gawe kaos belang-belang abang poteh rompi ireng gawe kopyah.


Alat Musik Tradisional

Photobucket

Alat musik tradisional alias gamelan iki guduk gotek'e wong jawa timur tok. wong jawa tengah, bali yo nggawe gamelan. Tapi suarane opo nek keren'e alunan nada'e iku seje-seje.


Senjata Tradisional


Photobucket

Suroboyo - Meduro senjatae yo koyok gambar iku. jenenge Clurit. Nek saiki ngunu jarang arek nom-noman seng nggowi clurit. roto-roto saiki Clurit mek digawe mbabat suket nang ngarep omah opo nang sawah.


Hiburan

Tari-Tarian

Tari paling sering ketok nang Suroboyo iku tari Remo. biasane Tari seng ngetokno kegagahan iki dipentasno gawe mbukak acara.

Photobucket

Nek gambar nisor iki jenenge tari lenggang Suroboyo

Photobucket


Ludruk


Photobucket

Ludruk iku seni panggung guyonan, biasane nyritakno urip'e rakyat jelata seng diimbuh-imbuhi kritik sosial. Ludruk terkenal nang Suroboyo yoiku grup'e Kartolo CS.


Parikan


Parikan iku nek Indonesiane podo karo pantun. Parikan isine nasehat, guyonan, opo kritikan. Contoh'e parikan :

nggolek obat nang wonokitri
liwat ciliwung akeh polantase
onok maksiat ojok dicedeki
nek wis kecemplung angel mentase....

ketemu simbah mangan koro
korone diwadahi kloso
akeh musibah nang isine ndunyo
mergo menungsone kakean duso

ndas ngelu kebenthuk penduso
tuku obat nang apotek sehat
nek wis rumongso kakean duso
ayo podho tobat lan ojok lali sholat

Read More......

Senin, 13 Juli 2009

Belajar Bahasa Jawa

Ini posting dikhususkan untuk pembaca yang sebelumnya tidak mengerti tentang bahasa jawa. Ini bahasa jawa Suroboyoan. mungkin sedikit berbeda dengan bahasa jawa didaerah-daerah lainnya.

Dimulai dari kata yang biasa kita lontarkan :

Aku = Aku
contoh :
"Aku kate tuku tempe nang warung bulek Muna "
"Aku mau membeli tempe di toko tante Muna "

kamu = Koen
contoh :
"jarene sopo koen?"
"Katanya siapa kamu?"

Dia = De'e
contoh :
"iyo, aku seneng karo de'e"
"iya, aku suka/cinta dengan dia"

Apa = Opo
contoh :
"kurang opo maneh?"
"kurang apa lagi?"

Kenapa = Opo'o / kenek opo
contoh :
"Opo'o arek iku? kok mrengut ae"
"Kenapa anak itu? kok cemberut saja"

Bagaimana = yak opo
contoh:
"yak opo kabare? walah wes sue gak tau metuk"
"bagaimana kabarnya? haduh sudah lama tidak pernah bertemu"

Dimana = nang ndi
contoh :
"koen tuku klambi iku nang ndi?"
"kamu beli baju itu dimana?"

Siapa = Sopo
contoh :
"Sopo seng nyeluk mau?"
"siapa yang memanggil tadi?"

Mungkin = Be'e
contoh :
"Be'e ae de'e seng nyolong"
"Mungkin saja dia yang mencuri"

Begitu = Ngunu
contoh :
"oalah ngunu ta, jek tas ero aku"
"oh begitu, baru tahu aku"

Kalau = Nek
contoh :
"Nek ngunu aku tak budhal dewe"
"kalau begitu aku berangkat sendiri"

Tempat = Nggon
contoh :
"iki loh nggon panganan seng paling enak"
"ini loh tempat makanan yang paling enak"

jalan-jalan = mlaku-mlaku
contoh:
"mlaku-mlaku yok, mblenger nang omah"
"jalan-jalan yuk, bosan di rumah"

Anda masih bingung? silahkan tinggalkan pesan. Saya akan membantu anda :) Read More......

Sabtu, 11 Juli 2009

Data Suroboyo

Jeneng : Suroboyo
Lair : 31 Mei 1293
Omboh'e : 326,36 Km2
Akeh Kecamatan : 31 Kecamatan
Wilayah :

Suroboyo Tengah

Suroboyo Wetan

Suroboyo kulon


Suroboyo Lor

Suroboyo Kidul
Suku : Jawa , Madura , Tionghoa , Arab
Boso : Boso Suroboyoan
Agama : Islam, Kristen, Katolik, Budha, Hindu , Kong hu chu
Budoyo : ❤ Ludruk
❤ Tari Remo
❤ Kidungan
Walikota : Bambang DH
Transportasi :
❤ Terminal : Bungurasih , Osowilangon
❤ Stasiun : Pasar Turi, Gubeng, Wonokromo
❤ Bandara : Juanda
❤ Pelabuhan : Tanjung Perak
Nggon blonjo :
  • Mall: Plaza Tunjungan, Surabaya Town Square, Mal Galaxy, Surabaya Plaza (Delta Plaza), Pakuwon Trade Center, Supermal Pakuwon Indah, Royal Plaza, Golden City Mall, Plaza Marina, Jembatan Merah Plaza, City of Tomorrow, Empire Palace.
  • Modern: Sinar Supermarket 24 jam, Sinar Jemursari, Carrefour Golden City, Carrefour BG Junction, Carrefour Center Point, Carrefour Rungkut, Carrefour Ahmad Yani, Makro Tandes, Makro Waru, Giant Maspion Square, Giant Mayjend Sungkono, Giant Mulyosari, Giant Wiyung, Hi-Tech Mall (pusat komputer), Tunjungan Electronic Center, World Trade Center (pusat ponsel), Jembatan Merah Plaza (JMP) dan Pusat Grosir Surabaya (PGS).
  • Tradisional: Pasar Atom, Pasar Turi, Darmo Trade Center (DTC), Pasar Tambah Rejo Baru, Pasar Genteng, Pasar Kapasan.
Read More......

Bajul Ijone Suroboyo

Persebaya

Photobucket

Persebaya iku jenenge klup bal-balan teko Suroboyo seng didekno tanggal 18 juni 1927. klub seng klambine iji-ijo opo ijo-poteh iki wes akeh nyiptakno pemaen-pemaen gawe Timnas. antarane Abdul Kadir, Rusdy Bahalwan, Rudy Keltjes, Didiek Nurhadi, Soebodro, Riono Asnan, Yusuf Ekodono, Syamsul Arifin, Subangkit, Mustaqim, Eri Irianto, Bejo Sugiantoro, Anang Ma'ruf, Hendro Kartiko, Uston Nawawi, Chairil Anwar, dan Mursyid Effendi


Bonek

PhotobucketPhotobucket

Bonek yoiku jenenge suporter PERSEBAYA. Jarene wong kuto-kuto liyo, bonek iku arekke sangar, ndablek, mlete, gak gelem bondo. tapi yo gak kabeh seh arek bonek koyok ngunu mau. Apikke arek bonek iku setio ambek koncoe. Markase Bonek onok nang mburine Gelora. Nang markas iku koen yo isok tuku barang-barang seng Bonek/PERSEBAYA pol.
Read More......

Kamis, 09 Juli 2009

Suroboyo

Jeneng Suroboyo

Biyen Suroboyo iku lawang pagere Majapahit, pas'e nang KALIMAS. Sampek-sampek tanggal dadine kuto Suroboyo tanggal 31 mei 1293, seng asline ngunu dino menange Majapahit nglawan Mongol. Pasukan Mongol seng teko liwat laot dipadakno koyok "boyo" , lah pasukanne Majapahit seng teko darat dipadakno koyok "suro". Lah dino menange iku mau didadekno jeneng SUROBOYO.





Jaman Hindia-Belanda

Pas jamane hindia-belanda taon 1905, Suroboyo dadi nggon Mak'ekuto Suroboyo seng ombohe teko gresik, sidoarjo,mojokerto, sampek jombang. Taon 1926 didadekno Kotamadya opo Gemeente jare wong londo. Sampek akire Suroboyo dadi Mak'ekuto propinsi Jawatimur. Suwi-suwi saiki dadi kuto gede nomer 2 sak Indonesia. Read More......

MLAKU-MLAKU SEJARAH

Tugu Pahlawan

Photobucket

Tugu Pahlawan yoiku tugu seng dibangun gawe nggormati pejuang-pejuang seng mati pas perang arek Suroboyo lawan wong londo. nang kunu yo onok musium 10Nopember. nang lawang ngarepe iku onok patong Ir. Soekarno karo Pak Hatta moco proklamasi. Apik temen. ketok gagah pas karo jenenge SUROBOYO KUTO PAHLAWAN.


Jembatan Merah


Photobucket

iki jembatan cidek karo tugu pahlawan. jembatan iki sejarahe akeh. koen ngerti brigjen mallaby gak? iku yo mati nang kunu. makane dijenengi jembatan merah soale nang jembatan iku biyen akeh darah seng nlecer.darah warnane abang.abang boso Indonesiae merah.


Hotel Majapahit


PhotobucketPhotobucket

Hotel Majapahit seng biyene jeneng hotel Orange iku due sejarah gede gawe Merah Putih. Nang hotel iku benderane Belanda werno abang, poteh, biru d suek karo arek Suroboyo disisakno abang ambek pote tok. Nek due duek rek yo kapan-kapan nginepo nang kunu, ben koen ero sejarahe kunu.


Bangunan Lawas

Photobucket

mlaku-mlaku liwat bangunan lawas apik-apik yo ben ga sumpek. Bangunan lawas paling uakeh iku yo nang daerah jembatan merah kono sampek tunjungan plasa. polahe biyen kunu iku dadi pusat jajahane londo.


Monumen Kapal Selam

Photobucket

Monumen cideke delta plasa iki dibangun gawe nyimpen kapal selam seng biyen digawe perang nang Irian Barat. Nang kunu koen isok ndelok njerone kapal selam iku koyok opo. Mrunuo, ojok kuater kelelep, soale kapale ga di gele nang banyu kok.


Kebun Binatang Surabaya


Photobucket
Photobucket

KBS iku jarene kebon kewan seng paling lengkap sak asia tenggara. Jare arek saiki KBS iku nggon gawe madakno rupo hahahaha asline yo gak ngunu. iku dibangun ben awak dewe iki ngerti macem-maceme kewan opo ae. nang ngarepe KBS yo onok patung SuroBoyo.


Tugu Bambu Runcing


Photobucket

Tugu iki dibangun gawe ngelingno arek-arek Suroboyo nek bien pas perang, pejuang-pejuang teko Suroboyo gawe Pring lincip alias bambu runcing gawe mateni londo-londo.


Sunan Ampel


Photobucket

Nang kene koen isok mlaku-mlaku mesisan golek amal gawe nang akerat. Iki salasijine nggon Wali9 seng onok nang pulo jawa. Jarene nek ngombe banyu genuk nang kunu pikiran isok tenang. tapi yoh emboh maneh LILLAHITAALLAH ae .


Kenjeran

Photobucket
PhotobucketPhotobucket

Nang Kenjeran, koen gak disuguhi Pantai tok . Tapi koen yo isok renang nang waterpark'e opo mlaku-mlaku foto-fotoan gawe profile fesbukmu nang patung budha'e. Nggone apik, akeh arek pacaran, tapi gawe koen seng kate dolen mrene tak kandani , nek kate pacaran ojok nemen-nemen rek, opo maneh sampek hohohihe ngisin-ngisini arek Suroboyo ae hahaha ndeso.


Suramadu


Photobucket

Jembatan Suroboyo-Meduro iki laris saiki. rego tarife sepeda montor Rp3000 nek montor RP30.000 . Murah toh? nek bengi loh ketok uapik. Tapi yo koen kudu ati-ati soale angine kadang nggebes banter.
Read More......

Rabu, 08 Juli 2009

nggon BLONJO

Cak Cuk Suroboyo

Photobucket

Cak Cuk Suroboyo iki podo karo joger nang bali ngunu.Outlet anyar te'e arek Suroboyo iki dodolan klambi, stiker, tas, pin , akeh liyane mrunuo dewe. Kabeh produke Suroboyo asli.Outlet Cak Cuk Suroboyo onoke nang dalan dharmawangsa 35 ambek nang dalan raya suramadu no 71. ojok nggegek nek wes teko outlete ngkuk dikiro koen wong gendeng.


blonjo SEPATU

Photobucket

koen kepingin blonjo sepatu ta? budalo nang pasar blauran opo nang DTC nang kunu iku sepatune murah-murah, oleh ditowo pisan. Nang kunu yo dodolan sepatu-sepatu seng wes apik jenenge. Pinter-pintero nowo ae, lak bathi akeh koen.


Blonjo Klambi

Photobucket

Blonjo klambi murah, Pasar Kapasan pusate. Klambine murah piliane akeh. Onokke nang dalan Kapasan. Cobaen ta blonjo mrunu.


Blonjo Cemilan

Photobucket

Gawe koen-koen seng ape dolen nang omae dulur-dulur, ben ga dikiro pelit soale gak ngowo opo-opo, Tukukno ae cemilan nang pasar atom opo nang kenjeran. Akeh piliane ambeg isok tuku kiloan.


Blonjo Ombyokan

Photobucket

Photobucket

Pusat ombyokkan nang Suroboyo iki uakeh. klambi bekas nang dalan gembong. elektronik ambek rongso'an nang jejere pasar turi opo nang pasar loak. nek koen isok meleh yo olehe apik.





Read More......

nggon CANGKRUKAN

Taman Bungkul Suroboyo

Photobucket

Taman Bungkul seng dibangun nang dalan darmo raya iki , saiki dadi nggon cangkrukan anyar arek Suroboyo, nang kunu koen yo isok wifian sakkarepmu. Tak kandani yo, nek saptu bengi koen kate mrunu karo pacarmu ta karo konco-koncomu budalo marine magrib. soale taman anyar iku nek bengi koyok pasar uwong. Nek gak percoyo buktikno dewe, ga mbujuk aku.


Food Court Tunjungan Plasa

Photobucket

Pusat panganan nang Tunjungan Plasa alias TP iki rame duduk gawe nggon mangan tapi mek digawe cangkruk arek-arek seng nang TP tapi ga due duit. hahha pokoke yo, koen nek kepingin cangkruk sue nang nggon iki ambek konco-koncomu arek akeh, tak kei woro-woro , tukuo panganan nang kunu seng rego murah terus bungkuse ojok dibuak, dele'en nang ndukur mejo ae. ben ga diusir satpame kunu.


Kotamadya Suroboyo

Photobucket

Nggon nang puterane Kotamadya Suroboyo alias KS iku nek bengi ancen digawe cangkrukan arek-arek. Polae gratis, lah panganane murah.heheh koen nek mrunu nek isok rame-rame ambek konco-koncomu ben tambah rame.


Sutos


Photobucket Photobucket

Pasar gede alias Mall anyar seng tas d bangun iki saiki rodog rame digawe cangkrukan arek enom. Nang Sutos koen isok wifian, nang kunu yo bek lagu-lagu anyar seng diputer. Cafe-cafe seng rame antarane Jco, X.O ,Black Canyon, Malay Village, Kwok, jeg akeh maneh dataen dewe.


Coffe Corner


Photobucket

Warung kuto= cafe nang dalan arif rachman hakim 34 iki jenenge ancen kelondo-londoan. tapi ojok kuater rek, seng cangkruk nang kunu yo arek Suroboyo dewe kok. Cafe iku nggone nang ndukure klinik moto. Sak bendinane cafe iku ngetokno Band-band indie teko Suroboyo gawe nyenengno seng teko.


MCD Basrah


Photobucket

Basrah singkatan teko Basuki Rachmat iki rame ambek arek nom-noman seng gaul jarene. Nek koen kepingin gaul yo mrunuo ae. hahahha gaul iku opo se? sepurane arek suroboyo asli gak ero. iku koyok boso Jakarta yo.


Bigboxx

Photobucket

Cangkrukan ambek ngon blonjo nang dalan Sumatra iki dibagi dadi 3 nggon. bigboxx clothing gawe blonjo klambi gawean lokal. the square iku koyok outlet. lah nek Matchbox coffe iki nggone cangkruk. enak koen, mari lonjo pegel isok mamper sek ngombe kopi opo internetan.


Gang Dolly


Photobucket

Siji neh nggon cangkrukan seng ditakokno koncoku yoiku gang Dolly seng onok nang dalan njarak. Iki nggon akeh perek-perek , wong pinter nek ngomong Lokalisasi. lah koen nek jek cilik durung umur 17 mendukur ojok rene yo. ngkuk diseneni makmu.


heheheh iku ae nggon-nggon cangkrukan arek Suroboyo seng asli ga bondo. Ndang cangkruko ben ero Suroboyo. Read More......

PANGANAN

Rujak Cingur

Photobucket

Panganan iki uasli teko Suroboyo. Rujak cingur isine lontong, tahu, tempe ,cingur seng dieres tipis , lalapan, kecambah, kadang yo onok seng ditambahi buah-buahan ngunu teros disiram karo bumbu kacang dicampur petis. enak poko'e. opo meneh nek puweedes, westalah ngurangi koen!

Semanggi Suroboyo

Photobucket

Semanggi iki ga bedo adoh karo rujak cingur. podo enake, podo begizie. Semanggi isine lalapan tanduran semanggi, ambeg kecambah teros disiram bumbu kacang ambeg telo seng wes dialusno. mari ngunu ditambah krupuk puli. Uenakee reeekk!!

Lontong Balap

Photobucket

Lontong balap iki isine Lontong, tahu iris, lento, petis ulek, teros dikei dodoh kecambah. Iki panganan jarene uwong-uwong tuo apik digawe arek enom, ben nek mari kawin cepet meteng jarene.


Tahu Tek

Photobucket

panganan iki biasane onoke bengi tok. opo'o kok dijenengi tahu tek? soale nek seng dodol liwat mesti mentungi wajanne, suarane "Tek Tek Tek... " . Tahu tek iku isine tahu goreng seng dieres tipis, lontong, kecambah cilik, krai, ambek kentang goreng seng disiram bumbu kacang ambeg petis. terus dike'i krupuk cilik-cilik.


Sego Bebek

Photobucket

sego anget + bebek digoreng dikei lalapan ambek sambel puedes. uenaaakke .... iki loh jenenge sego bebek. nyoba'o ta. nek isok mangano bengi-bengi wuihhh mak nyuss....

Read More......

BOSO asli

JANCOK

jare konco-koncoku yo, jancok iku asline ga onok artine. Iku mek digawe embel-embel ae. arek suroboyo nek ngomong mek "cok" podo karo nek wong sundo ngomong "euy" ngunu loh. contohe : " nandi cok?" opo "males cok!" .Tapi nek wong tuo ero onok arek ngomong jancok iku mesti diseneni. jarene boso kotor. tapi yo ngunu, mesti nek wong tuo-tuo ditakoni jancok iku artine opo yo ga ero. westah iki ancen boso asli seng uaneeeh ment. tapi nek jareku yo kok pinter yo seng nyiptakno iku. hahahhaha



GATELI

Gateli iku boso teko kampung nggadel . kampung tubanan jek lurus iku loh, daerah tandes. lah gateli dewe iku artine "ikune arek lanang" ngerti toh? .



RAIMU

Raimu iku arti nek boso Indonesiae "WAJAHMU" . contohe "Raimu, gak ngunu cak!" .



ASU

Asu arti Indonesiae "ANJING" . biasane boso iki metu nek onok arek seng tukaran cangkem.



yo iku macem-maceme boso seng sering metu teko cangkem-cangkeme arek Suroboyo. boso khas jarene. nek koen duduk arek suroboyo ojok dipraktekno yo. biasane isok garai arek suroboyo ngamuk ga karuan . Read More......
 

© Copyright by SUROBOYO SHOW | Template by BloggerTemplates | Blog Trick at Blog-HowToTricks