Rabu, 08 Juli 2009

nggon BLONJO

Cak Cuk Suroboyo

Photobucket

Cak Cuk Suroboyo iki podo karo joger nang bali ngunu.Outlet anyar te'e arek Suroboyo iki dodolan klambi, stiker, tas, pin , akeh liyane mrunuo dewe. Kabeh produke Suroboyo asli.Outlet Cak Cuk Suroboyo onoke nang dalan dharmawangsa 35 ambek nang dalan raya suramadu no 71. ojok nggegek nek wes teko outlete ngkuk dikiro koen wong gendeng.


blonjo SEPATU

Photobucket

koen kepingin blonjo sepatu ta? budalo nang pasar blauran opo nang DTC nang kunu iku sepatune murah-murah, oleh ditowo pisan. Nang kunu yo dodolan sepatu-sepatu seng wes apik jenenge. Pinter-pintero nowo ae, lak bathi akeh koen.


Blonjo Klambi

Photobucket

Blonjo klambi murah, Pasar Kapasan pusate. Klambine murah piliane akeh. Onokke nang dalan Kapasan. Cobaen ta blonjo mrunu.


Blonjo Cemilan

Photobucket

Gawe koen-koen seng ape dolen nang omae dulur-dulur, ben ga dikiro pelit soale gak ngowo opo-opo, Tukukno ae cemilan nang pasar atom opo nang kenjeran. Akeh piliane ambeg isok tuku kiloan.


Blonjo Ombyokan

Photobucket

Photobucket

Pusat ombyokkan nang Suroboyo iki uakeh. klambi bekas nang dalan gembong. elektronik ambek rongso'an nang jejere pasar turi opo nang pasar loak. nek koen isok meleh yo olehe apik.





0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright by SUROBOYO SHOW | Template by BloggerTemplates | Blog Trick at Blog-HowToTricks