Rabu, 08 Juli 2009

PANGANAN

Rujak Cingur

Photobucket

Panganan iki uasli teko Suroboyo. Rujak cingur isine lontong, tahu, tempe ,cingur seng dieres tipis , lalapan, kecambah, kadang yo onok seng ditambahi buah-buahan ngunu teros disiram karo bumbu kacang dicampur petis. enak poko'e. opo meneh nek puweedes, westalah ngurangi koen!

Semanggi Suroboyo

Photobucket

Semanggi iki ga bedo adoh karo rujak cingur. podo enake, podo begizie. Semanggi isine lalapan tanduran semanggi, ambeg kecambah teros disiram bumbu kacang ambeg telo seng wes dialusno. mari ngunu ditambah krupuk puli. Uenakee reeekk!!

Lontong Balap

Photobucket

Lontong balap iki isine Lontong, tahu iris, lento, petis ulek, teros dikei dodoh kecambah. Iki panganan jarene uwong-uwong tuo apik digawe arek enom, ben nek mari kawin cepet meteng jarene.


Tahu Tek

Photobucket

panganan iki biasane onoke bengi tok. opo'o kok dijenengi tahu tek? soale nek seng dodol liwat mesti mentungi wajanne, suarane "Tek Tek Tek... " . Tahu tek iku isine tahu goreng seng dieres tipis, lontong, kecambah cilik, krai, ambek kentang goreng seng disiram bumbu kacang ambeg petis. terus dike'i krupuk cilik-cilik.


Sego Bebek

Photobucket

sego anget + bebek digoreng dikei lalapan ambek sambel puedes. uenaaakke .... iki loh jenenge sego bebek. nyoba'o ta. nek isok mangano bengi-bengi wuihhh mak nyuss....

0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright by SUROBOYO SHOW | Template by BloggerTemplates | Blog Trick at Blog-HowToTricks