Rabu, 08 Juli 2009

nggon CANGKRUKAN

Taman Bungkul Suroboyo

Photobucket

Taman Bungkul seng dibangun nang dalan darmo raya iki , saiki dadi nggon cangkrukan anyar arek Suroboyo, nang kunu koen yo isok wifian sakkarepmu. Tak kandani yo, nek saptu bengi koen kate mrunu karo pacarmu ta karo konco-koncomu budalo marine magrib. soale taman anyar iku nek bengi koyok pasar uwong. Nek gak percoyo buktikno dewe, ga mbujuk aku.


Food Court Tunjungan Plasa

Photobucket

Pusat panganan nang Tunjungan Plasa alias TP iki rame duduk gawe nggon mangan tapi mek digawe cangkruk arek-arek seng nang TP tapi ga due duit. hahha pokoke yo, koen nek kepingin cangkruk sue nang nggon iki ambek konco-koncomu arek akeh, tak kei woro-woro , tukuo panganan nang kunu seng rego murah terus bungkuse ojok dibuak, dele'en nang ndukur mejo ae. ben ga diusir satpame kunu.


Kotamadya Suroboyo

Photobucket

Nggon nang puterane Kotamadya Suroboyo alias KS iku nek bengi ancen digawe cangkrukan arek-arek. Polae gratis, lah panganane murah.heheh koen nek mrunu nek isok rame-rame ambek konco-koncomu ben tambah rame.


Sutos


Photobucket Photobucket

Pasar gede alias Mall anyar seng tas d bangun iki saiki rodog rame digawe cangkrukan arek enom. Nang Sutos koen isok wifian, nang kunu yo bek lagu-lagu anyar seng diputer. Cafe-cafe seng rame antarane Jco, X.O ,Black Canyon, Malay Village, Kwok, jeg akeh maneh dataen dewe.


Coffe Corner


Photobucket

Warung kuto= cafe nang dalan arif rachman hakim 34 iki jenenge ancen kelondo-londoan. tapi ojok kuater rek, seng cangkruk nang kunu yo arek Suroboyo dewe kok. Cafe iku nggone nang ndukure klinik moto. Sak bendinane cafe iku ngetokno Band-band indie teko Suroboyo gawe nyenengno seng teko.


MCD Basrah


Photobucket

Basrah singkatan teko Basuki Rachmat iki rame ambek arek nom-noman seng gaul jarene. Nek koen kepingin gaul yo mrunuo ae. hahahha gaul iku opo se? sepurane arek suroboyo asli gak ero. iku koyok boso Jakarta yo.


Bigboxx

Photobucket

Cangkrukan ambek ngon blonjo nang dalan Sumatra iki dibagi dadi 3 nggon. bigboxx clothing gawe blonjo klambi gawean lokal. the square iku koyok outlet. lah nek Matchbox coffe iki nggone cangkruk. enak koen, mari lonjo pegel isok mamper sek ngombe kopi opo internetan.


Gang Dolly


Photobucket

Siji neh nggon cangkrukan seng ditakokno koncoku yoiku gang Dolly seng onok nang dalan njarak. Iki nggon akeh perek-perek , wong pinter nek ngomong Lokalisasi. lah koen nek jek cilik durung umur 17 mendukur ojok rene yo. ngkuk diseneni makmu.


heheheh iku ae nggon-nggon cangkrukan arek Suroboyo seng asli ga bondo. Ndang cangkruko ben ero Suroboyo.

0 komentar:

Posting Komentar

 

© Copyright by SUROBOYO SHOW | Template by BloggerTemplates | Blog Trick at Blog-HowToTricks