Kamis, 16 Juli 2009

Budoyo

Iki loh gambare Suroboyo nek nang peta. Nggone nang pucukan. cidek karo pulau Meduro.

Photobucket


Omah Tradisional


Photobucket

Iki gambar omah tradisional Jawa Timur. Nang Suroboyo omah tradisionale yo koyok ngunu iku. Podo karo kuto-kuto nang Jawa Timur lainne. Omah ngunu iku jenenge Joglo .


Klambi Tradisional

Photobucket
iki gambar klambi adate Suroboyo. podo koyok klambi teko meduro. Biasane klambine iku wernone ngejreng. Lah seng lanang gawe kaos belang-belang abang poteh rompi ireng gawe kopyah.


Alat Musik Tradisional

Photobucket

Alat musik tradisional alias gamelan iki guduk gotek'e wong jawa timur tok. wong jawa tengah, bali yo nggawe gamelan. Tapi suarane opo nek keren'e alunan nada'e iku seje-seje.


Senjata Tradisional


Photobucket

Suroboyo - Meduro senjatae yo koyok gambar iku. jenenge Clurit. Nek saiki ngunu jarang arek nom-noman seng nggowi clurit. roto-roto saiki Clurit mek digawe mbabat suket nang ngarep omah opo nang sawah.


Hiburan

Tari-Tarian

Tari paling sering ketok nang Suroboyo iku tari Remo. biasane Tari seng ngetokno kegagahan iki dipentasno gawe mbukak acara.

Photobucket

Nek gambar nisor iki jenenge tari lenggang Suroboyo

Photobucket


Ludruk


Photobucket

Ludruk iku seni panggung guyonan, biasane nyritakno urip'e rakyat jelata seng diimbuh-imbuhi kritik sosial. Ludruk terkenal nang Suroboyo yoiku grup'e Kartolo CS.


Parikan


Parikan iku nek Indonesiane podo karo pantun. Parikan isine nasehat, guyonan, opo kritikan. Contoh'e parikan :

nggolek obat nang wonokitri
liwat ciliwung akeh polantase
onok maksiat ojok dicedeki
nek wis kecemplung angel mentase....

ketemu simbah mangan koro
korone diwadahi kloso
akeh musibah nang isine ndunyo
mergo menungsone kakean duso

ndas ngelu kebenthuk penduso
tuku obat nang apotek sehat
nek wis rumongso kakean duso
ayo podho tobat lan ojok lali sholat

1 komentar:

Irfan Nugroho mengatakan...

Eneng asli Suroboyo ta? Suroboyone ndi, rek? Oiya jeng, jangan lupa datang dan komentar di tempat aye yah? salam dari Solo

Best regards,

Irfan Melodic Nugroho
Melodramatic Mind

Facts on the Recent News

Posting Komentar

 

© Copyright by SUROBOYO SHOW | Template by BloggerTemplates | Blog Trick at Blog-HowToTricks